Posts

Babagan

 Sinau Basa Mandharin yaiku blog abasa Jawa kanggo amuruki basa Mandharin lumantar basa Jawa.  Blog iki kagawe kajaba kanggo anambahi akehing piwulang lumantar basa Jawa,  uga kanggo agawe supaya wong Jawa bisa umudhêng lan asinau basa liya saka basa ibu lan atine dhewe. Kakarêpaning juru blog iki yaiku supaya samsaya akeh piwulang-piwulang lumantar basa Jawa kang bisa disinaoni dening wong Jawa dhewe. Lan, supaya wong Jawa ora kudu gumandhul ing basa liyane kanggo asinau barang apa wae. Basa Jawa dumadi basa kang anyukupi sakabehing kabutuhaning wong Jawa ing sabên dinane lan ing babagan apa wae. Yen ana pitakon, sumangga ditakonake ana ing kene. Bisa uga atakon ing twittering NNBJ. Maturnuwun.